Naskah Khutbah Jumat Terbaru 2022 dalam Bahasa Jawa, Tema: Keutamaan Wulan Dzulqa’dah

- 15 Juni 2022, 15:45 WIB
Ilustrasi naskah khutbah Jumat terbaru 2022 dalam bahasa Jawa.
Ilustrasi naskah khutbah Jumat terbaru 2022 dalam bahasa Jawa. /StartupStockPhotos/Pixabay

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Wulan Dzulqa’dah menika istimewanipun sanes yaiku wulan Haji, kang sampun Allah terangaken wonten ing Alquran:

اَلْحَجُّ اَشْهُرٌ مَّعْلُوْمٰتٌ ۚ فَمَنْ فَرَضَ فِيْهِنَّ الْحَجَّ فَلَا رَفَثَ وَلَا فُسُوْقَ وَلَا جِدَالَ فِى الْحَجِّ ۗ وَمَا تَفْعَلُوْا مِنْ خَيْرٍ يَّعْلَمْهُ اللّٰهُ ۗ وَتَزَوَّدُوْا فَاِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوٰىۖ وَاتَّقُوْنِ يٰٓاُولِى الْاَلْبَابِ

“Mangsa haji iku ana sasi-sasi kang wus katamtokake, yaiku Syawal, Dzulqa’dah, lan Dzulhijjah. Manhka sing sapa pinuju nindakake haji ana ing mangsa iku, ora kena cumbana lan ora kena pepadon ana sajerone nindakake haji. Dene kabecikan kang padha sira tindakake iku Allah Ngawuningani. Lan sira padha sasangua, mangka sanyata becik-beciking sangu iku taqwa marang Allah, he wong kang padha duwe akal, sira padha wedia marang Ingsun.”(QS. Al-Baqarah: 197)

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Mekaten ugi klebet istimewaning wulan Dzulqa’dah nggih menika Allah paring janji dhateng Nabi Musa kagem ngendikan laminipun tigang ndasa dinten wonten wulan Dzulqa’dah dipun tambah sedasa dinten wonten awal wulan Dzulhijjah.

Allah paring pangandikan,

وَوٰعَدْنَا مُوْسٰى ثَلٰثِيْنَ لَيْلَةً وَّاَتْمَمْنٰهَا بِعَشْرٍ فَتَمَّ مِيْقَاتُ رَبِّهٖٓ اَرْبَعِيْنَ لَيْلَةً ۚوَقَالَ مُوْسٰى لِاَخِيْهِ هٰرُوْنَ اخْلُفْنِيْ فِيْ قَوْمِيْ وَاَصْلِحْ وَلَا تَتَّبِعْ سَبِيْلَ الْمُفْسِدِيْنَ

“Lan Ingsun janji marang Musa, yaiku bakal Ingsun paringi Kitab, sawuse telung puluh wengi, lan Ingsun nyampurnakake tambah sepuluh wengi maneh, dadi waktu kang katamtokake dening Pangerane sampurna patang puluh wengi lawase. Pangucape Nabi Musa mang sadulure. Harun, Sampeyan kula dadosaken sesulih kula perlu ngreksa kaum kula, sampeyan sampun ngantos kapilut manut tindakipun tiyang-tiyang ingkang damel risak.”(QS. Al-A’rāf: 142)

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Halaman:

Editor: Ririn Handayani

Sumber: Dakwah.id


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x