Naskah Khutbah Jumat Terbaru 2022 dalam Bahasa Jawa, Tema: Keutamaan Wulan Dzulqa’dah

- 15 Juni 2022, 15:45 WIB
Ilustrasi naskah khutbah Jumat terbaru 2022 dalam bahasa Jawa.
Ilustrasi naskah khutbah Jumat terbaru 2022 dalam bahasa Jawa. /StartupStockPhotos/Pixabay

Tiyang jawi nyebat wulan menika kanthi istilah wulan apit jalaran kaapit kaleh dinten riyadi nggih punika Idul Fitri lan Idul Adha. Ugi disebat kanthi istilah wulan sela maknanipun longgar. Kayadene wulan menika wulan longgar antaranipun wulan repot Syawal lan Dzulhijjah.

Wonten ing sebagian masyarakat wulan menika dipun golongaken wulan sial utawi wulan kang kathah pagebluk utawi pecoben. Ananging agami islam nolak pemanggeng kang mekaten menika, malahan wulan menika klebet sekawat wulan kang dipun hormati lan agungaken.

Baca Juga: Lowongan Kerja Lingkup Pemerintahan untuk Lulusan SMP, SMA, D3-S1, Segera Daftar Loker Dinas Lingkungan Hidup

Allah shubhanahu wata’ala ndawuhaken,

اِنَّ عِدَّةَ الشُّهُوْرِ عِنْدَ اللّٰهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا فِيْ كِتٰبِ اللّٰهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ مِنْهَآ اَرْبَعَةٌ حُرُمٌ ۗذٰلِكَ الدِّيْنُ الْقَيِّمُ ەۙ فَلَا تَظْلِمُوْا فِيْهِنَّ اَنْفُسَكُمْ وَقَاتِلُوا الْمُشْرِكِيْنَ كَاۤفَّةً كَمَا يُقَاتِلُوْنَكُمْ كَاۤفَّةً ۗوَاعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ مَعَ الْمُتَّقِيْنَ

“Sanyata wilangane sasi mungguhing Allah iku ana rolas sasi kaya kang wus pacak ana ing Kitabe Allah, wiwit tumitah ing langit lan bumi, yaiku sasi papat kang mulya (Dzulqa’dah, Dzulhijjah, Muharam, lan Rajab) iku wus klebu ing kono, yaiku agama kang bener. Jalaran saka iku sira aja padha nganiaya marang awakira dhewe ang ing sasi kang mulya iku. Lan sira merangana wong-wong musyrik kabeh bae, kaya dene anggone dheweke wus padha merangi ing sira kabeh. Lan sira padha mangertia, satemene Allah iku anartani wong-wong kang padha taqwa marang penjenengane.” (QS. At-Taubah: 37)

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Ing antawise kautaman wulan Dzulqa’dah nggih menika kelebet wulan haram. Tegesipun wulan yang disuceni. Ibnu Jarir Ath-Thobari nerangaken babagan menika wonten ing kitab tafsirupun: Wulan Dzulqa’dah nggih menika wulan kang dipun dadosaken dening Allah wulan suci lan agung. Wonten ing ndalem wulan menika amal-amal sholih dipun tikelaken ganjarane, mekaten ugi tumindak dosa sami dipun tikelaken dosane.

Dene Imam Ibnu Katsir nalika nerangaken ayat kang sampun kasebat: Wulan menika cacahe ana papat, yaiku Dzulqa’dah, Dzulhijjah, Muharam, lan Rajab. Dzulqa’dah nduweni keistimewan bilih Allah ngawisi tumindak perang wonten saklebete wulan menika. Malahan Allah mrintahaken supados menungsa sami persiapan ngadepi ibadah agung nggih menika haji.

Baca Juga: Hati-Hati! Covid-19 Subvarian Omicron BA.4 dan BA.5 Terdeteksi di Indonesia, 5 Gejala Ini Perlu Diwaspadai

Halaman:

Editor: Ririn Handayani

Sumber: Dakwah.id


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x