Contoh Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa Edisi 4 November 2022 dengan Tema Ciri Utami Tiyang Bertakwa

- 28 Oktober 2022, 21:12 WIB
Ilustrasi Khutbah Jumat.*
Ilustrasi Khutbah Jumat.* /Pixabay/mohamed_hassan/

SEPUTARLAMPUNG.COM - Berikut ini teks naskah khutbah Jumat bahasa jawa edisi 4 November 2022 dengan Tema Ciri Utami Tiyang Bertakwa.

Teks naskah khutbah Jumat ini bisa dijadikan referensi bagi khatib yang bertugas pada salat Jumat.

Khutbah Jumat biasanya disampaikan dalam bahasa Indonesia, namun, di sebagian daerah, khususnya di daerah Jawa, biasanya khutbah disampaikan dalam bahasa Jawa.

Dilansir dari dakwah.id, berikut ini teks naskah khutbah Jumat bahasa jawa edisi 4 November 2022 dengan Tema Ciri Utami Tiyang Bertakwa.

Baca Juga: Waspada! Kesehatan Miss V juga Berpengaruh terhadap Kesuburan, Simak Penjelasan Dokter Saddam Ismail

Khutbah Pertama

إِنَّ الْحَمْدَ لِلهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَـهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

فَإنّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْىِ هَدْىُ مُحَمّدٍ صَلّى الله عَلَيْهِ وَسَلّمَ، وَشَرّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةً، وَكُلّ ضَلاَلَةِ فِي النّارِ. أَمَّا بَعْد

Baca Juga: Kunci Jawaban IPA Kelas 10 SMA Halaman 35 Aktivitas 2.1 Kurikulum Merdeka

Jamaah shalat Jumat ingkang dipun rahmati Allah

Raos syukur ingkang kathah sumangga tansah kita aturaken dhumateng ngarsanipun Allah subhanahu wata’ala Dzat kang sampun paring pinten-pinten kenikmatan sahingga kita sedaya saget nindakaken ibadah Jumat siang dinten kang minulya punika.

Shalawat lan salam katunjuk katur dumateng junjungan kita Rasulullah Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam, sumrambah dhateng kaluwarganipun, para sahabat, ugi para penderekipun dumugi dinten kiamat. Amin

Mboten kesupen pinangka Khatib, kula tansah ngemutaken jamaah sedayanipun mangga kita sesarengan tansah ningkataken iman lan takwa dhumateng Allah Ta’ala, awit takwa mujudaken sangu ingkang paling sae rikalanipun ngadhep dhumateng Allah.

Allah Ta’ala paring pangandikan,

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

“He para wong Mukmin kabeh, sira padha wedia ing Allah kalawan sajatining wedi, Ian sira aja padha mati, kajaba mati Islam.” (QS. Ali Imran: 102)

Baca Juga: Lowongan Kerja di Bank Indonesia untuk Lulusan S1, Pendaftaran Berakhir pada 31 Oktober 2022, Ini Linknya

Jamaah shalat Jumat ingkang dipun rahmati Allah

Tiyang-tiyang ingkang bertakwa punika sejatose nggadhahi ciri-ciri utawi sifat-sifat ingkang gampil dipun tepangi wonten kalangan manungsa lan sampun cetho dipun sebataken wonten ing al-Quran al-Karim.

Setunggal: Iman dhateng ingkang ghaib kalih keimanan ingkang kokoh.
Iman dhateng ingkang gaib dados syarat fundamental lebet Islam. Keimanan menika gadhah artos pitados seyakin-yakinipun menawi wonten keyakinan ten jawining donya indrawi.

Entitas menika perkawis ingkang nyata dipun ajaraken Islam, sanes naming wucalan teori lan perumpamaan-perumpamaan. Wonten ing tembung sanes, bilih tiyang mukmin wajib yakin menawi wonten realitas ingkang mboten terjangkau dening nalar manungsa. Wonten entitas ten jawi daya visual lan daya penggalih manungsa.

Allah subhanahu wata’ala paring firman,

ذٰلِكَ الْكِتٰبُ لَا رَيْبَ ۛ فِيْهِ ۛ هُدًى لِّلْمُتَّقِيْنَۙ. الَّذِيْنَ يُؤْمِنُوْنَ بِالْغَيْبِ وَيُقِيْمُوْنَ الصَّلٰوةَ وَمِمَّا رَزَقْنٰهُمْ يُنْفِقُوْنَ ۙ

“Kitab al-Quran iki, ing sajerone wus ora ana mamang maneh terang saka ngarsaning Allah, dadi pituduh tumrap wong kang padha taqwa ing Allah. Yaiku wong kang padha iman angestokake prakara gaib, lan padha ngedegake sholat, sarta padha andanakake sebageyan rezeki kang wus Ingsun paringake ing dheweke.” (QS. Al-Baqarah: 2-3)

Keyakinan menika ingkang mbentenaken Islam kaliyan pendherek materialisme.

Pemikiran modernisme ingkang dugi saking tiyang kafir Barat kadosipun badhe nyingkiraken akidah islamiyah lajeng dipun gantosaken akidah jahiliyah. Menawi kepitadosan salah setunggaling tiyang iman dhateng ingkang gaib saya menipis, piyambakipun samangke bakal ngajengaken perkawis kang rasional kemawon.

Dimensi non-rasional dipojokaken lan dipun tedah dados punapa-punapa ingkang sarwi mitos. Tiyang ingkang pitados ing punapa-punapa perkara gaib dipun labeli dados tiyang ingkang kirang modern.

Kelompok kang mekaten menika wau wonten ing ndalem al-Quran kawestanan ahlu ad-dahr, sedaya perkara wangsule dhateng babagan materi.

Allah subhanahu wata’ala ndhawuhaken,

وَقَالُوْا مَا هِيَ اِلَّا حَيَاتُنَا الدُّنْيَا نَمُوْتُ وَنَحْيَا وَمَا يُهْلِكُنَآ اِلَّا الدَّهْرُۚ وَمَا لَهُمْ بِذٰلِكَ مِنْ عِلْمٍۚ اِنْ هُمْ اِلَّا يَظُنُّوْنَ

“Wong-wong mau padha ngucap, ora ana urip, kajaba uripku sepisan ini ana ing Donya, kita mati lan kita urip iku wus dadi kalumrahaning wong tumitah ing ngalam padhang, lan ora ana kang ngrusak kita, kajaba gonta gantining jaman. Pangandikaning Allah: Lan wong-wong mau ora duwe pangertian ing prakara iku, oa liya wong wong iku kajaba mung ngira-ira bae.”(QS. Al-Jātsiyah: 24)

Keimanan setunggaling tiyang mukmin ing ingkang gaib menika kang badhe dados cara pandang ingkang mbentenakenkaliyan tiyang materialis. Keimanan punika dados pirantos kontrol, mila bakal tiyang iman niku senantiasa tumindak jujur wonten pundi mawon papan panggenan.

Baca Juga: Selamat Hari Stroke Sedunia 2022! Ini Link Twibbon dan Quotes Menarik yang Bisa Dibagikan ke Medsos 29 Oktober

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Kalih: Piyambakipun sedaya remen ngapuntenaken lan berlapang dhadha
Milih ngapuntenaken kelepatan tiyang sanes saweg kita mangka kita sanggup mangsuli tumindakipun kanthi wangsulan ingkang setimpal inggih punika setunggaling sifat ingkang sae ingkang kedah dipungadhahi saben muslim.

Allah paring dhawuh,

وَاَنْ تَعْفُوْٓا اَقْرَبُ لِلتَّقْوٰىۗ وَلَا تَنْسَوُا الْفَضْلَ بَيْنَكُمْ ۗ اِنَّ اللّٰهَ بِمَا تَعْمَلُوْنَ بَصِيْرٌ

“Dene yen sira gelem aweh kemurahan, iku nyerakake marang taqwa ing Allah. Lan sira aja nglalekake kabecikan ing antarane sira kabeh, sanyata Allah iku Maha Wikan ing sakabehing barang kang sira tindakake.” (QS. Al-Baqarah: 237)

Mungkin tumindak menika susah dipun praktekaken amargi sampun dados kalimrahan kangge manungsa mangsuli kejahatan kaliyan kejahatan, nanging kangge manungsa ingkang sampun inggil akhlak lan kiyat imanipun saha sampun dipun kebaki jiwanipun kaliyan ketakwaan, ngapuntenaken kelepatan puniku gampil mawon kangge piyambakipun.

Mekaten ciri tiyang ingkang bertakwa ingkang purun ngapuntenaken kelepatan tiyang sanes. Piyambakipun badhe mbusek kelepatan kasebat kayadene bocah sekolah busek tulisane kang salah ngantos mboten saget diwaos malih.

Piyambakipun mboten ajeng mengungkit-ungkit kelepatan kasebat tumrap pelakunipun utawi tumrap tiyang sanesipun. Kangge piyambakipun kelepatan puniku masa kang wus lewat.

Bilih setunggaling tiyang ingkang ngapuntenaken taksih mawon ngendikakaken lan mengungkit kesalahanipun, mungkin mawon piyambakipun mboten saestu anggone mbusek, utawi mboten saestu ngapuntenaken.

Allah subhanahu wata’ala paring firman,

الَّذِيْنَ يُنْفِقُوْنَ فِى السَّرَّۤاءِ وَالضَّرَّۤاءِ وَالْكَاظِمِيْنَ الْغَيْظَ وَالْعَافِيْنَ عَنِ النَّاسِۗ وَاللّٰهُ يُحِبُّ الْمُحْسِنِيْنَۚ

“Yaiku wong kang padha ananjakake barang darbeke ana ing nalikane kacukupan la nana ing nalikane nandhang karupekan, lang kang tahan ngampet napsune, lan kang ngapura marang kaluputaning liyan. Allah iku remen marang wong kang padha tumindak ing kabecikan.”(QS. Āli’Imrān: 134)

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Tiga: Mboten nglampahi dosa ageng lan mboten terusan tenggelam lebet dosa-dosa alit
Bilih terjerumus dhateng dosa piyambakipun enggal taubat saking dosa kasebat.

الْكَبِيْرَةُ كَلُّ ذَنْبٍ خَتَمَهُ اللهُ بِنَارٍ، أَوْ غَضَبٍ، أَوْ لَعْنَةٍ، أَوْ عَذَابٍ

“Dosa ageng inggih punika dosa ingkang Allah tutup kaliyan anceman Neraka, utawi kemurkaan, utawi laknat utawi adzab.”(Tafsir Ibnu Katsir, 2/282)

Imam Hasan Al-Bashri njelasaken,

كُلّ ذَنْبٍ نَسَبَهُ اللَّه تَعَالَى إِلَى النَّار فَهُوَ كَبِيرَة

“Saben-saben dosa kang Allah gandhengaken kaliyan neraka punika kang diarani dosa ageng.”(Tafsir Ibnu Katsir, 2/282)

Awit saking menika, nedahi pripun agengipun dosa tiyang ingkang nglampahakentumindak kasebat, mila pelakunipun angsal ganjaran wonten donya kaliyan had. Kados mejahi, zina lan nyolong, lan wonten akhirat angsal anceman azab utawi murka, celaan utawi laknat saking Allah. Pramila sedaya umat manungsa mliginipun umat islam kedah enggal nebihi lan nilaraken dosa ageng.

Kejawi saking perkawis wonten inggil, tiyang mukmin tentunipun inggih ugi kedah waspada kaliyan dosa alit, jalaran Allah mboten badhe mersani dosa menika alit malih nalika tiyang kang nglampahi menika wonten raos peremehan. Dosa menika saget dados ageng, na’udzubillah min dzalik.

Tiyang beriman menika mboten merkawisaken alite dosa ananging piyambakipun nggatosaken dhateng sinten tumindak dosa menika dipun tujukaken. Nggih dhateng Allah kang sampun paring kathah nikmat tumrap para hambane.

Baca Juga: Pengadaan PPPK 2022 Sudah Dibuka, Ini Bedanya dengan Seleksi CPNS, Salah Satunya Status Kepegawaian

Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam paring sabda,

إِنَّ الْمُؤْمِنَ يَرَى ذُنُوبَهُ كَأَنَّهُ قَاعِدٌ تَحْتَ جَبَلٍ يَخَافُ أَنْ يَقَعَ عَلَيْهِ، وَإِنَّ الْفَاجِرَ يَرَى ذُنُوبَهُ كَذُبَابٍ مَرَّ عَلَى أَنْفِهِ

“Satemenipun setunggaling tiyang mukmin sumerep dosanipun kados piyambakipun lenggah wonten setunggaling redi lan kuwatos redi kasebat ajeng dhawahi piyambakipun (raos ajrih sanget). Ananging kosokwangsule dene setunggaling tiyang ingkang fajir (ingkang remen maksiat), piyambakipunnyumerepi dosanipun kados setunggal lalat ingkang menclok wonten ajengan batang irungipun (raos nyepelekaken).” (HR. Al-Bukhari No. 6308)

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Mekaten khutbah ingkang saget kawula aturaken, mugi saget dados pitutur kang manfaat lan nasehat kang minulya kagem khatib pribadi lan jamaah samudayanipun.

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

Khutbah Kedua

اَلْحَمْدُ للهِ وَكَفَى، وَأُصَلِّيْ وَأُسَلِّمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الْمُصْطَفَى، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ الْوَفَا.

أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

أَيُّهَا النَّاسُ، اتَّقُوا اللهَ، وَافْعَلُوا الْخَيْرَاتِ، وَاجْتَنِبُواْ السَّيِّئَاتِ. إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.

اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ،إِنَّكَ قَرِيْبٌ مَجِيْبُ الدَّعَوَاتِ.

رَبَّنَا لَا تُؤَاخِذْنَا إِنْ نَسِينَا أَوْ أَخْطَأْنَا رَبَّنَا وَلَا تَحْمِلْ عَلَيْنَا إِصْرًا كَمَا حَمَلْتَهُ عَلَى الَّذِينَ مِنْ قَبْلِنَا رَبَّنَا وَلَا تُحَمِّلْنَا مَا لَا طَاقَةَ لَنَا بِهِ وَاعْفُ عَنَّا وَاغْفِرْ لَنَا وَارْحَمْنَا أَنْتَ مَوْلَانَا فَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِينَ

رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِالْإِيمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلًّا لِّلَّذِينَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَءُوفٌ رَّحِيمٌ.

سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ وَسَلَامٌ عَلَى الْمُرْسَلِينَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ

عِبَادَاللهِ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ أَقِيْمُوا الصَّلَاة.

Baca Juga: Pengadaan PPPK 2022 Sudah Dibuka, Ini Bedanya dengan Seleksi CPNS, Salah Satunya Status Kepegawaian

Demikian teks naskah khutbah Jumat bahasa jawa edisi 4 November 2022 dengan Tema Ciri Utami Tiyang Bertakwa.***

Editor: Nur Faizah Al Bahriyatul Baqir

Sumber: Dakwah.id


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah