Contoh Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa Edisi 4 November 2022 dengan Tema Ciri Utami Tiyang Bertakwa

- 28 Oktober 2022, 21:12 WIB
Ilustrasi Khutbah Jumat.*
Ilustrasi Khutbah Jumat.* /Pixabay/mohamed_hassan/

Allah paring dhawuh,

وَاَنْ تَعْفُوْٓا اَقْرَبُ لِلتَّقْوٰىۗ وَلَا تَنْسَوُا الْفَضْلَ بَيْنَكُمْ ۗ اِنَّ اللّٰهَ بِمَا تَعْمَلُوْنَ بَصِيْرٌ

“Dene yen sira gelem aweh kemurahan, iku nyerakake marang taqwa ing Allah. Lan sira aja nglalekake kabecikan ing antarane sira kabeh, sanyata Allah iku Maha Wikan ing sakabehing barang kang sira tindakake.” (QS. Al-Baqarah: 237)

Mungkin tumindak menika susah dipun praktekaken amargi sampun dados kalimrahan kangge manungsa mangsuli kejahatan kaliyan kejahatan, nanging kangge manungsa ingkang sampun inggil akhlak lan kiyat imanipun saha sampun dipun kebaki jiwanipun kaliyan ketakwaan, ngapuntenaken kelepatan puniku gampil mawon kangge piyambakipun.

Mekaten ciri tiyang ingkang bertakwa ingkang purun ngapuntenaken kelepatan tiyang sanes. Piyambakipun badhe mbusek kelepatan kasebat kayadene bocah sekolah busek tulisane kang salah ngantos mboten saget diwaos malih.

Piyambakipun mboten ajeng mengungkit-ungkit kelepatan kasebat tumrap pelakunipun utawi tumrap tiyang sanesipun. Kangge piyambakipun kelepatan puniku masa kang wus lewat.

Bilih setunggaling tiyang ingkang ngapuntenaken taksih mawon ngendikakaken lan mengungkit kesalahanipun, mungkin mawon piyambakipun mboten saestu anggone mbusek, utawi mboten saestu ngapuntenaken.

Allah subhanahu wata’ala paring firman,

الَّذِيْنَ يُنْفِقُوْنَ فِى السَّرَّۤاءِ وَالضَّرَّۤاءِ وَالْكَاظِمِيْنَ الْغَيْظَ وَالْعَافِيْنَ عَنِ النَّاسِۗ وَاللّٰهُ يُحِبُّ الْمُحْسِنِيْنَۚ

“Yaiku wong kang padha ananjakake barang darbeke ana ing nalikane kacukupan la nana ing nalikane nandhang karupekan, lang kang tahan ngampet napsune, lan kang ngapura marang kaluputaning liyan. Allah iku remen marang wong kang padha tumindak ing kabecikan.”(QS. Āli’Imrān: 134)

Halaman:

Editor: Nur Faizah Al Bahriyatul Baqir

Sumber: Dakwah.id


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah