Contoh Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa Edisi 4 November 2022 dengan Tema Ciri Utami Tiyang Bertakwa

- 28 Oktober 2022, 21:12 WIB
Ilustrasi Khutbah Jumat.*
Ilustrasi Khutbah Jumat.* /Pixabay/mohamed_hassan/

“He para wong Mukmin kabeh, sira padha wedia ing Allah kalawan sajatining wedi, Ian sira aja padha mati, kajaba mati Islam.” (QS. Ali Imran: 102)

Baca Juga: Lowongan Kerja di Bank Indonesia untuk Lulusan S1, Pendaftaran Berakhir pada 31 Oktober 2022, Ini Linknya

Jamaah shalat Jumat ingkang dipun rahmati Allah

Tiyang-tiyang ingkang bertakwa punika sejatose nggadhahi ciri-ciri utawi sifat-sifat ingkang gampil dipun tepangi wonten kalangan manungsa lan sampun cetho dipun sebataken wonten ing al-Quran al-Karim.

Setunggal: Iman dhateng ingkang ghaib kalih keimanan ingkang kokoh.
Iman dhateng ingkang gaib dados syarat fundamental lebet Islam. Keimanan menika gadhah artos pitados seyakin-yakinipun menawi wonten keyakinan ten jawining donya indrawi.

Entitas menika perkawis ingkang nyata dipun ajaraken Islam, sanes naming wucalan teori lan perumpamaan-perumpamaan. Wonten ing tembung sanes, bilih tiyang mukmin wajib yakin menawi wonten realitas ingkang mboten terjangkau dening nalar manungsa. Wonten entitas ten jawi daya visual lan daya penggalih manungsa.

Allah subhanahu wata’ala paring firman,

ذٰلِكَ الْكِتٰبُ لَا رَيْبَ ۛ فِيْهِ ۛ هُدًى لِّلْمُتَّقِيْنَۙ. الَّذِيْنَ يُؤْمِنُوْنَ بِالْغَيْبِ وَيُقِيْمُوْنَ الصَّلٰوةَ وَمِمَّا رَزَقْنٰهُمْ يُنْفِقُوْنَ ۙ

“Kitab al-Quran iki, ing sajerone wus ora ana mamang maneh terang saka ngarsaning Allah, dadi pituduh tumrap wong kang padha taqwa ing Allah. Yaiku wong kang padha iman angestokake prakara gaib, lan padha ngedegake sholat, sarta padha andanakake sebageyan rezeki kang wus Ingsun paringake ing dheweke.” (QS. Al-Baqarah: 2-3)

Keyakinan menika ingkang mbentenaken Islam kaliyan pendherek materialisme.

Halaman:

Editor: Nur Faizah Al Bahriyatul Baqir

Sumber: Dakwah.id


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah