Contoh Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa Edisi 4 November 2022 dengan Tema Ciri Utami Tiyang Bertakwa

- 28 Oktober 2022, 21:12 WIB
Ilustrasi Khutbah Jumat.*
Ilustrasi Khutbah Jumat.* /Pixabay/mohamed_hassan/

Pemikiran modernisme ingkang dugi saking tiyang kafir Barat kadosipun badhe nyingkiraken akidah islamiyah lajeng dipun gantosaken akidah jahiliyah. Menawi kepitadosan salah setunggaling tiyang iman dhateng ingkang gaib saya menipis, piyambakipun samangke bakal ngajengaken perkawis kang rasional kemawon.

Dimensi non-rasional dipojokaken lan dipun tedah dados punapa-punapa ingkang sarwi mitos. Tiyang ingkang pitados ing punapa-punapa perkara gaib dipun labeli dados tiyang ingkang kirang modern.

Kelompok kang mekaten menika wau wonten ing ndalem al-Quran kawestanan ahlu ad-dahr, sedaya perkara wangsule dhateng babagan materi.

Allah subhanahu wata’ala ndhawuhaken,

وَقَالُوْا مَا هِيَ اِلَّا حَيَاتُنَا الدُّنْيَا نَمُوْتُ وَنَحْيَا وَمَا يُهْلِكُنَآ اِلَّا الدَّهْرُۚ وَمَا لَهُمْ بِذٰلِكَ مِنْ عِلْمٍۚ اِنْ هُمْ اِلَّا يَظُنُّوْنَ

“Wong-wong mau padha ngucap, ora ana urip, kajaba uripku sepisan ini ana ing Donya, kita mati lan kita urip iku wus dadi kalumrahaning wong tumitah ing ngalam padhang, lan ora ana kang ngrusak kita, kajaba gonta gantining jaman. Pangandikaning Allah: Lan wong-wong mau ora duwe pangertian ing prakara iku, oa liya wong wong iku kajaba mung ngira-ira bae.”(QS. Al-Jātsiyah: 24)

Keimanan setunggaling tiyang mukmin ing ingkang gaib menika kang badhe dados cara pandang ingkang mbentenakenkaliyan tiyang materialis. Keimanan punika dados pirantos kontrol, mila bakal tiyang iman niku senantiasa tumindak jujur wonten pundi mawon papan panggenan.

Baca Juga: Selamat Hari Stroke Sedunia 2022! Ini Link Twibbon dan Quotes Menarik yang Bisa Dibagikan ke Medsos 29 Oktober

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Kalih: Piyambakipun sedaya remen ngapuntenaken lan berlapang dhadha
Milih ngapuntenaken kelepatan tiyang sanes saweg kita mangka kita sanggup mangsuli tumindakipun kanthi wangsulan ingkang setimpal inggih punika setunggaling sifat ingkang sae ingkang kedah dipungadhahi saben muslim.

Halaman:

Editor: Nur Faizah Al Bahriyatul Baqir

Sumber: Dakwah.id


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah