Khutbah Jumat Terbaru 22 Juli 2022 dalam Bahasa Jawa Tema: Sholat Iku Ibadahe Poro Malaikat

- 20 Juli 2022, 19:50 WIB
Ilustrasi. Khutbah Jumat Terbaru 22 Juli 2022.
Ilustrasi. Khutbah Jumat Terbaru 22 Juli 2022. /Unsplash / Almwald Alezzey.

Milo saking meniko pendamelane poro malaikat wonten ingkang netepi sujud, ruku, soho rukun-rukune sholat. Dene sholat ingkang kito lampahi meniko arupi kumpulan saking pinten-pinten wernonipun ibadahe poro malaikat. Puniko salah satu bukti bilih sholat minongko ibadah ingkang sanget dipun remeni Gusti Allah.

Poro hadirin rahimakumullah

Sholat mboten angsal dipun tilarake sinaoso dalam keadaan gerah utawa sak pitunggalanipun. Selama akal tasih tetep waras lan sehat, mongko sholat kedah dipun lampahi kanti toto coro sak mampune. Sholat ugi kedah langkung dipentingake ketimbang perkawis-perkawis dunyo, kados pendamelan, perkawis anak bojo, bondo, jabatan lan sak pitunggalane. Sampun ngantos kito dados tiyang ingkang getunan kranten nuruti lan ketungkul perkawis dunyo sehingga ninggalake sholate. Gusti Allah dawuh:

Baca Juga: Sakit Tak Kunjung Sembuh? Baca 6 Ayat Penyembuh Ini, Ada At-Taubah Ayat 14 hingga Al-Isra 82

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تُلْهِكُمْ اَمْوَالُكُمْ وَلَآ اَوْلَادُكُمْ عَنْ ذِكْرِ اللّٰهِ ۚوَمَنْ يَّفْعَلْ ذٰلِكَ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْخٰسِرُوْنَ

Artosipun: Hai, wongkang podo iman, bondo-bondomu lan anak-anakmu iku ojo nganti nyebabi siro kabeh lali soko iling ing Gusti Allah, lan sopo wonge koyo mengkunu, mongko wong-wong iku bakal getunan (al-Munafiqun: 9)

Saking surat meniko njelasake bilih ingkang dipun maksud dzikir utawi iling Gusti Allah nggih meniko sholat lima waktu.Lan saking ayat kasebat saget dimangertosi bilih sedoyo perkoro, sinaoso asalipun dipun parengaken koq malah nyebabake supe lan nilaraken wajibe sholat, mongko kalebet penggawean maksiat ingkang kedah kito tebihi.

Mugi-mugi kito sedoyo pikantuk pitulunge Gusti Allah saget ajeg ngelampahi sholat lima wektu lan tetap imut bilih dunyo meniko panggenan sak antawes kimawon.

اعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ بِسْمِ اللهِ الرَّحْمنِ الرَّحيْمِ . يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ اَمَنُوْا قُوْا اَنْفُسَكُمْ وَاَهْلِيْكُمْ نَارًا وَقُوْدُهَا النَّاسُ وَالْحِجَارَةُ عَلَيْهَا مَلاَئِكَةٌ غِلاَظٌ شِدَادٌ لاَ يَعْصُوْنَ اللهَ مَا اَمَرَهُمْ وَيَفْعَلُوْنَ مَا يُؤْمَرُوْنَ

بَارَكَ اللهُ لِى وَلَكُمْ فِى الْقُرْأَنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِى وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْايَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّى وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ اِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ وَاسْتَغْفِرُوْهُ اِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

Baca Juga: Inilah Arti Kata Subhanallah dan Masya Allah serta Penggunaannya yang Tepat, Pahami Perbedaannya

Halaman:

Editor: Ririn Handayani

Sumber: Jatim NU


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah