Khutbah Jumat Terbaru 22 Juli 2022 dalam Bahasa Jawa Tema: Sholat Iku Ibadahe Poro Malaikat

- 20 Juli 2022, 19:50 WIB
Ilustrasi. Khutbah Jumat Terbaru 22 Juli 2022.
Ilustrasi. Khutbah Jumat Terbaru 22 Juli 2022. /Unsplash / Almwald Alezzey.

Wonten ing wekdal soho panggenan ingkang mulyo puniko, monggo kito sami ningkatakae raos ajrih kito dumateng gusti Allah lan bade tansah ningkatakae roso takwa puniko ing sedoyo wekdal lan kesempatan.

Baca Juga: Tanggal Berapa 1 Muharram 1444 H? Simak Bacaan Doa Akhir dan Awal Tahun Baru Islam Berikut Ini

Sholat puniko minangkani salah setunggale rukun Islam ingkang dados punjere agami lan ugi dados amal ingkang paling pengaruh dumateng timbangan hisab wonten dinten kiamat. Setunggale dawuh kanjeng Nabi saking Imam Tirmidzi:

عن أَبِي هُرَيْرَةَ رضي الله عنه قَالَ : سَمِعْتُ رَسُولَ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ يَقُولُ إِنَّ أَوَّلَ مَا يُحَاسَبُ بِهِ الْعَبْدُ يَوْمَ الْقِيَامَةِ مِنْ عَمَلِهِ صَلَاتُهُ فَإِنْ صَلُحَتْ فَقَدْ أَفْلَحَ وَأَنْجَحَ وَإِنْ فَسَدَتْ فَقَدْ خَابَ وَخَسِرَ

Artosipun: Abi Hurairah ngeriwayaten hadis: ingsun krungu dawuh saking kanjeng Nabi: Saktemene kawitane perkorone kawulo kang ditimbang ono ing dino kiamat iku amal sholat. Lamun sholate apik, mongko bejo lan selamet. Lamun sholate rusak, mongko getun lan nelongso.

Sejatose kautamaan lan keagungane sholat saget dipun sumerapi saking proses dipun wajbaken sholat, inggih puniko kanti perjalanan isro’ mi’roj. Kanjeng Nabi minggah dumateng langit ampal pitu kaliyan manah ingkang dipun suciaken rumiyin soho dipun kebaki mawi iman sak perlu ngestoaken timbalan dawuh Gusti Allah kangge nampi wahyu secara langsung ingkang arupi kewajiban sholat gangsal wekdal.

Baca Juga: Bacaan Surah Yasin 1-83 Ayat dan Tahlil untuk Acara Tahlilan dan Yasinan pada Malam Jumat, 15 Juli 2022

Milo monggo kito jagi saestu dawuh Gusti Allah soho utusane puniko, sampun ngantos dipun sia-siaaken, kranten tiyang ingkang nyia-nyiaken sholat, padahal sholat sanget wigatos lan agung pangkatipun, mongko mesti tiyang nikuwau langkung nyia-nyiaken dumateng lintunipun.

Poro Hadirin Ingkang Minulyo

Sholat puniko minangkani papan kangge munajat dumateng Gusti Allah. Mboten wonten ibadah wajib kanggene makhluk ingkang langkung dipun remeni Gusti Allah sak sampune tauhid kecuali sholat. Sak umpami wonten wujude ibadah ingkang langkung dipun remeni Gusti Allah saklintune sholat, mongko poro malaikat bade ngelampahi ibadah kasebat.

Halaman:

Editor: Ririn Handayani

Sumber: Jatim NU


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah