Kumpulan Cerita Lucu Bahasa Jawa Paling Gokil, Dijamin Tertawa Ngakak Sampai Sakit Perut

- 25 Juli 2023, 14:00 WIB
Kumpulan cerita lucu bahasa Jawa.
Kumpulan cerita lucu bahasa Jawa. /Alexas_Fotos/pixabay

SEPUTARLAMPUNG.COM – Cerita lucu Bahasa Jawa merupakan kumpulan lawakan sehari-hari yang tentunya dapat menjadi hiburan dikala sedang suntuk dan stres.

Bagi wong jowo (orang Jawa), baca cerita lucu di saat pikiran sedang stres terkadang bisa bikin Anda tertawa ngakak sampai sakit perut. Apalagi jika cerita tersebut dikemas dalam boso jowo (bahasa jawa), tentu akan semakin mengena di kepala.

 

Dalam hal dialog percakapan diantara orang-orang jawa tentu memiliki ciri khas seperti dialek, banyolan, lawakan, dan jargon masing-masing antara jawa yang satu dengan lainnya, pun demikian dengan ciri khas dari cerito (cerita) lucu ini.

Baca Juga: Mengapa Saldo BRI, BNI, BSI PIP 2023 Masih Rp0 Meski Sudah Aktivasi Rekening? Ini Jawaban UPT P4OP

Kumpulan cerito lucu bikin ngakak dalam boso jowo

Berikut 3 cerito lucu yang sudah penulis rangkum dalam boso jowo paling gokil dan akan bikin pembaca tertawa terpingkal-pingkal saat membacanya: 

1. Si paino dan pitek pekok

Paino, bujangan tanggung setengah ABG berusia 46 tahun kui kerjo karo pakde tarno, bos juragan pitek kampung paleng sugeh nang ndeso.

Isuk mruput jam 8 an, paino seng baru tas tangi dicelok karo bos e, karo setengah jengkel perkoro durong ngopi karo ngudut, Paino marani bos e.

Paino: njeh bos, enten nopo nggeh?

Boss: iki mau enek pesenan 50 ekor pitek babon, terno saiki yo, nyoh iki alamate.

Paino: njih bos

Baca Juga: TERBARU! 20 Ide Lomba 17 Agustus Memperingati HUT RI ke 78 Paling Menarik untuk Anak-Anak, Remaja, Orang Tua

pitik e ditaleni nang kiwo 25 ekor, 25 sisa e ditaleni nang tengen.

Nyuper motor bebek dewean durong ngopi, durong ngudut, setengah ngantok mergo mambengi bar nonton jaipongan nang ndeso sebelah.

Bruaaakkkkkkk.......

Moro-moro mak bedunduk ra sadar ono watu gede nang pinggir dalan ditabrak, Paino ndlosor nyemplong nang paretan.

Ora mek gor kui, pitek seng ditaleni nang motor mau yo do ucul kabur kabeh.

Bukane bingong opo nguber pitik e, Paino malah ngguyu cekakakan.

Wong wong seng nang dalan weroh teros takon

Warga: mas sampean kok malah ngguyu, pitekmu kae lho do ucul kabeh

Paino: bene kang, tenang ae. Pitek e Kate kabor nang ndi? Wong alamate tak gowo.

Baca Juga: Bangkit dari Keterpurukan, China Lakukan Langkah Ini untuk  Atasi Tantangan Ekonomi Pasca Pandemi

2. Guyonan jowo malaikat pencabut nyawa

Paidi karo paijo bengi-bengi peteng ndedet nyolong jeruk nang kebone Pak Lurah. Pas ijek oleh setengah karung, moro-moro enek asu njenggong, wong loro kui langsung mlayu ngeciprit wedi selak konangan.

Tekan ngarep gerbang kuburan angker, jeruk e tibo 2 nggelundong, tapi ditinggal mergo kesusu selak ape ndelik neng mburi benduso timbang konangan. 

Diangen angen wes aman, paidi lan paijo njur bagi hasil:

''aku siji, kowe siji

aku siji, kowe siji

aku siji, kowe siji ''

Baca Juga: Cek Nama Lolos Penmaba UNJ pada 27 Juli 2023 di Link Ini, Lengkap Biaya Pendidikan dan Jadwal Daftar Ulang

Ngono teros nganti ora sadar lan ono wong liwat, yoiku si kasdi sing ketepak tas muleh ndelok wayang kulit nang balai deso.

Saking kaget lan mridinge krungu suoro aneh teko njero kuburan angker

''aku siji... kowo siji aku siji.... kowe siji''

Kasdi langsung mlayu marani omahe mbah jolo si dukun ahli perdemitan nang ndeso. Karo ngos ngosan pucet ndeprok dengkule meh protol, banjur kasdi crito perkoro suoro nang kuburan angker mau.

Mbah jolo penasaran, njur langsung ngajak kasdi ngindik neng ngarep gerbang kuburan karo ita itu. ora wedi belas.

Tekan ngarep kuburan si Kasdi ne ora wani mlebu, sikile keder karo ndeprok gocekan sarunge mbah jolo mergo jek panggah krungu suoro

aku siji.... kowe siji ... aku siji .... kowe siji

‘Mbah niku nopo suoro Malaikat itung-itungan nyowo menungso sing sampun dicabut ajeng dilaporne dumateng gusti seng moho kuoso nggeh?’. Takon kasdi bisik-bisik karo gemeteran

mbah jolo : mboh aku dewe yo ora paham

Ora suwe, ono sworo meneh teko njero area kuburan:

'Iki wes rampung kabeh, saiki kari loro neng ngarep gerbang kuburan kae, sopo seng njipok, kowe opo aku?’

‘Walah dalah’. Njenggirat kaget, Mbah Jolo saknaliko mlumpat kaleh mlayu kepontal-pontal, tibo tangi nganti ra kroso sandale pedot, sarunge mlorot.

‘Mbah tunggu mbah, enteni kulo’. Kasdi mbengok karo kepoyoh-poyoh

Baca Juga: Ini Teks Sambutan Ketua RT-RW dalam Acara HUT RI ke 78, Cocok Digunakan Saat Lomba 17 Agustusan

3. Supardi playboy anyaran

Supardi lungguh dewekan nang bar, koncone seng jenenge udin mlebu karo nggandeng cewek 5 ayu-ayu. Teros lungguh nang kursi, gayane ngebosi koyok rojo minyak, guyon cekakakan karo cipika-cipiki.

Supardi mbaten, 'kapan yo nasib ku iso koyo si udin ki?, lha aku wong wedok siji ae ra gablek’.

Kebetulan pas udin lagi mlaku dewekan nang sebelah pardi, kesempatan takon

Supardi: Din, piye caramu kok iso ngrentengi wedok ayu-ayu ngono kui? Padahal raimu yo podo remeke koyok aku.

Udin: Tak kandani resepe tapi ojo cerito-cerito yo. Sesok-sesok lak awakmu dolan rene meneh begitu awakmu lungguh nang bar, uncalno kunci mobil nang meja bar. Mengko mesti wong wedok podo marani.

Supardi: Tapi aku ora duwe mobil, duweku mung motor butut gek knalpote sering ucul pisan

Udin: Tenang!, awakmu mong perlu gantungan karo kunci mobil palsu tok

Sebulan kemudian, Supardi Moro nang bar, gaya petentang-petenteng wes persis koyok juragan uyah entok orderan. Pas tepak nang ngarep mejo bar di uncalno kunci seng gantungane Ferrari neng duwur mejo.

Tapi,gak ono reaksi Babar pisan.

Kunci dijupuk meneh teros dikantongi.

Bareng ono wong wedok liwat, kunci di uncalno meneh nang duwur mejo.

Ga onok reaksi meneh, malah diguyu.

Udin seng ket mau ngawasi marani Pardi karo mbisiki, ‘Pardi, awakmu iki lo kok cek goblok e nemen men. Copoten disek helm mu kui’.

Demikianlah kumpulan cerito lucu dalam boso jowo yang dapat penulis bagikan, semoga bisa menjad hiburan pembaca sekalian.

Pengen bayolin teman-temanmu? Cerito lucu diatas bisa dijadikan referensi. ***

Editor: Dzikri Abdi Setia


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah